GENDING PEPILING


Gending Pepeling
( Slendro )

Wis wancine tansah dielingke,… wis wancine podo nindakake…


Adzan wus kumandhang…,  wayahe sembahyang…, netepi wajib dawuhe pangeran…



Sholat dadi cagake agomo …..,  limang wektu kudu tansah dijogo,…


Kanthi istiqomah… lan sing tumakninah…,   Luwih sempurno yen berjama’ah…..



Subuh,   luhur lan ‘asar….,  sholat sayekti ngadohke tindak mungkar…..


Magrib an ngisa’ jangkepe…,   prayogane ditambah sholat sunate…


  
Jo sembrono iku printah agomo…,  ngelingono neng ndonyo mung sedelo…..


Sabar lan tawakal…, pasrah sing kuoso…,  yen kepingin mbesuk munggah suargo…
                                                                                                                           ___________2x


Komentar

Postingan populer dari blog ini

YAA ROSULALLAH kekasih kita Nabi Muhammad

MARS STAINU PACITAN