Lirik WUYUNG


WUYUNG

Lorone loro ora koyo
wong kang nandang wuyung
Mangan ra doyan
Ra jenak dolan nang omah bingung

Mung kudu weruh
woting ati duh kangmas wong bagus
opo ora trenyuh
sawangen iki awakku sing kuru

Reff :

Klopo Mudho leganono
nggonku nandhang bronto
Witing pari dimen mari nggonku ngloro ati
Aduh nyowo...

Duh duh kusumo
ora kroso opo pancen tego
Mbok mbalung janur
Paring usodo nggonku nandang wuyung

Komentar

Postingan populer dari blog ini

YAA ROSULALLAH kekasih kita Nabi Muhammad

MARS STAINU PACITAN

GENDING PEPILING